Selasa, 14 Agustus 2012

PIDATO "NGLELURI BUDAYA BASA JAWI"



Assalamualaikum Wr Wb.
Ugi kawula aturaken konjuk para rawuh ingkang ngrasuk agami sanesipun Islam. Kawilujengan katentreman, kebagaswarasan mugi kasarira kajiwa wonten jasad panjenenganipun sadaya dalasan kawula wradin para rawuh kakung putri.
Rinengga sagunging pakurmatan:
1.      Panjenenganipun Rektor IKIP PGRI Madiun, ingkang satuhu pantes pinundi soko kinabekten
2.      Panjenengan Bapak kaliyan Ibu juri, ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan
3.      Kadang-kadang saha para rawuh ingkang dereng kasebat satunggal baka satunggal, ingkang satuhu bagya mulya.
Nuwun, salajengipun para sutresna budaya, mliginipun sutresna budaya kagunan Jawi. Sasampunipun kula marsudi indhaking seserapan ing jagading kabudayan Jawi. Lajeng tinarbuka osiking manah, kumalancang kepingin mbabar lukitaning kanthi irah-irahan “Ngleluri Budaya Basa Jawi” ingkang isinipun “Nulad Nuladho Nglestarekaken Budaya Basa Jawi”.
Anggen kula ngudi damel irah-irahan punika ngengeti bilih wekdal samangke panudi ing babagan kabudayan Jawi katingal ngrembaka prasasat jamur ing mangsa rendheng. Ananging kathah-kathahipun kirang marsudi lenggah saha boboting basa ingkang dipun angge, saengga wongsal-wangsul anon-tinon, niru ingkang sampun wonten.
Pandhapuking ngleluri budaya basa Jawi namung dhapur urun-urun pemanggih dhumateng para sutresna budaya Jawi, mugi dadosa salah satunggaling sarana kagem ngleluri budaya basa Jawi punika dumateng para rencang-rencang sedaya ugi sedaya kawula negari Indonesia.
Gegayutan kaliyan tindak-tandukipun pahlawan rikala jaman pasulayah kaliyan penjajah, sumangatipun mboten kanten-kantenan supados mboten dipunjajah maleh kaliyan bangsa sanesipun.  Negari Indonesia pun merdika, para kawula kantun ngisi kaliyan njagi kamardikan punika warna-warni. Salah satunggalipun inggih punika kita samya nulad nuladha tindak-tandukipun para pahlawan kang tansah sumangat kagem kamardikan tanah wutah darahipun.
Bab njagi ugi nguri-uri budaya basa Jawi inggih punika kanthi ngulintenaken ngendikan basa Jawi saben dintenipun, dhumateng lingkungan keluarga, sekolah kaliyan masyarakat. Sak umpami keparenga kula anggadhahi pamundhutan dhateng bapak Rektor IKIP PGRI Madiun, sak umpami dhateng satunggal Mingu punika wonten satunggal dinten kedah ngginakaken basa Jawi kagem sedaya warga IKIP PGRI Madiun inggih punika Rektor, Dosen, mahasiswa kaliyan sedaya pegawai staf IKIP PGRI Madiun. Mugi-mugi saget kaleksanan anggenipun nguri-uri nulad-nuladho tindak-tandukipun para pahlawan ugi njagi kalestarinipun budaya basa Jawi.
Amung hambok bilih atur kula. Wonten kirang susilaning krama miwah kirang suba sila, saha duna dungkabing basa kula, ingkang mboten hanuju prana, labet kula hang lenggana, kawula sawantah ingkang mboten kalis saking kalepatan. Mugi panjenenganipun kersaa paring agunging samudra pangaksami. Ing wasana sumangga nglajengaken lampah anggenipun kabudayan Jawi, saengga tetep lestari, kuncana kaliyan ngrembaka hanjayeng bawana.
Nuwun. Maturnuwun. Wassalamualaikum Wr Wb.



                                                                                                            Madiun, 4 Desember 2011
                                                                                                            Panyerat


                                                                                                            Fera Luxiana
                                                                                                            NIM. 10141259